Werkudara lair awujud bungkus. Kepiye wujud bungkuse Werkudara

Wacan kanggo pitakonan nomer 1-3.

Nalika lair, Werkudara utawa Bima awujud bungkus. Awake kabungkus daging tipis sing ora bisa disuwek utawa dipecah nganggo pusaka apa wae. Kuwi kabeh ndadekake wong tuwane, yaiku Dewi Kunthi lan brabu Pandhu banget susahe. Awit pamrayogane Begawan Abiyasa, Prabu Pandhu wusanane nggawa si Bungkus ing Alas Mandalasara lan ditinggal ing kono. Sasuwene wolung taun si Bungkus tetep ora bisa pecah, mung glundhang-glundhung ana ing tengah alas. Alas sing maune kebak wit witan dadi bosah-baseh ora karuwan. Alas sing ijo royo-royo mau dadi padhang njingglang amarga ora ana wit-witane manen kang bisa tukul ana kono. Wit- witan kang subur mau padha matt amarga kelindhes dening gumlundhunge Bayi Bungkus mau.

1. Werkudara lair awujud bungkus. Kepiye wujud bungkuse Werkudara?

Wangsalan:

Wujud bungkuse Werkudara yaiku daging tipis sing ora bisa disuwek utawa dipecah nganggo pusaka apa wae. 


2. Kena apa alas sing sadurunge ijo royo-royo bisa dadi padhang njingglang?

Wangsalan:

Amarga wit-witane ing alas wis ora bisa thukul maneh, padha mati kelindhes dening gumlundhunge Bayi Bungkus. 


3. Apa pamrayogane Begawan Abiyasa kanggo Prabu Pandhu?

Wangsalan:

Pamrayogane Begawan Abiyasa kanggo Prabu Pandhu yaiku nggawa si Bungkus ing Alas Mandalasara lan ditinggal ing kono. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Werkudara lair awujud bungkus. Kepiye wujud bungkuse Werkudara"