Taman Dening: J.F.X. Hoery Ing taman anakku Tawon lan kupu rebutan madu

Geguritan kanggo pitakonan nomer 16-20.

Taman

Dening: J.F.X. Hoery

Ing taman anakku

Tawon lan kupu rebutan madu

Kinjeng lan kombang rebutan kembang

Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup

Kekedhering kinjeng lan kupu

Aja nganti mbokincup

Sawangen wae endahe

Ing taman anakku

Kupu lan kinjeng isih kapiadreng

Tawon lan kombang ngenam panandang

Madu lan kembang ninggal kudhup esuk

Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore

Aja mbokguyu dheweke

Sawangen

Ing biruning langit

Kae papane kawruh lungid

Lan ing kana uga aku titip geguritan kang dakrakit.


16. Geguritan ing dhuwur kalebu jinise geguritan …. (Wangsulan luwih saka siji)

   A. Jawa Timur

   B. gagrag lawas

   C. gagrag anyar

   D. nganggo paugeran

   E. tanpa paugeran tartamtu

Wangsulan:

Geguritan ing dhuwur kalebu jinise geguritan gagrag anyar lan tanpa paugeran tartamtu.

Jawaban: C lan E


17. "Kae papane kawruh lungid"

Tembung "lungid" nduweni teges ….

   A. langit

   B. landhep, muluk kawruhe

   C. kerakit utawa kaiket

   D. subur makmur loh jinawi

   E. luwih sempit

Wangsulan:

Tembung "lungid" nduweni teges landhep, muluk kawruhe

Jawaban: B


18. "Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup", "Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore"

Angin esuk lan mega putih diemperake kaya ….

Wangsulan:

Manungsa 


19. Apa pitutur luhur saka geguritan Taman kasebut?

Wangsulan:

Geguritan Taman ngandhut pitutur luhur kudu njaga kaendahaning taman utawa alam. 


20. Sebutna isine geguritan Taman kang isih akeh tinemu nganti saiki!

Wangsulan:

Geguritan gagrag anyar Taman isine isih akeh tinemu nganti saiki, upamane ing kutha-kutha sangsaya akeh taman kang dibangun kanggo nglestarekake lingkungan. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Taman Dening: J.F.X. Hoery Ing taman anakku Tawon lan kupu rebutan madu"