"Sugeng sonten pamiarsa . . . mratahipun isu kasus antraks ing wewengkon Kulonprogo lan Sleman

Pamaca pawarta ing stasiun TV kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca, saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung ndeleng kamera, lan katon apal naskahe. Kepiye anggonmu bisa nguwasani isine pawarta?

Wacanen pawarta ngisor iki kaya-kaya kowe pamaca pawarta ing salah sijining stasiun TV, dadi kowe kudu nggatekake dhiksine, latal, dan liya-liyane! Wacanen gilir gumanti karo kancamu ing ngarep kelas!

"Sugeng sonten pamiarsa . . . mratahipun isu kasus antraks ing wewengkon Kulonprogo lan Sleman, pranyata boten mangaribawani dhateng lampah dagang rajakaya ing Peken Legi, Imogiri, Bantul. Lampah dagang ing peken rajakaya punika tetep limrah kados padatan, kepara regi rajakaya saya mindhak awis.

Dinten Kemis tanggal 26 sasi Januari siyang, lampah dagang ing peken punika katingal lumampah limrah kados padatan. Regengipun pawartos ing medhia massa ingkang nyebataken dumados Kasus antraks ing Kabupaten Kulonprogo lan Sleman, boten mangaribawani lampah dagang ing peken rajakaya punika.

Turadi, petugas peken rajakaya Imogiri mratelakaken. kawontenan peken rajakaya limrah kados padatan. Kepara regi rajakaya saya mindhak awis. Isu antraks boten mangaribawani lampah dagang ing Peken Legi punika, awit racakipun rajakaya ingkang dipunsade inggih asal saking Gunung Kidul lan Bantul.

Kangge ngawekani bab-bab ingkang boten dipunpikajengi, Dinas Pertanian, Pangan, Kelautan, dan Perikanan, mbenum kalih dhokter hewan ingkang tansah sumadya ing peken Imogiri saben pekenan peken rajakaya kasebat. Kanthi makaten sedaya titikan sesakit rajakaya saged tumuli dipunmangretosi lan tumuli dipuntangani kanthi satrepipun."

Nalika kancamu maju, kowe menehi pambiji kanggo kancamu, lan sewalike nalika kowe maiu kancamu menehi pambiji marang kowe! Kanggo menehi pambiji kancamu, bisa nganggo tabel kaya ing ngisor iki.

Sawise kowe karo kancamu tampil maca pawarta ing ngarep kelas, dhiskusekna bareng kanca kelompokmu babagan pawarta ing gladhi 1, banjur andharna unsur pawarta 5W + 1H!

Wangsulan:

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk ""Sugeng sonten pamiarsa . . . mratahipun isu kasus antraks ing wewengkon Kulonprogo lan Sleman"