Solopos.com, BOYOLALI - Kodim 0274/Boyolali, Selasa (9/8/2022) kepungkur, ngadani adicara Merti

Pawarta kanggo pitakonan nomer 7 lan 8.

Solopos.com, BOYOLALI - Kodim 0274/Boyolali, Selasa (9/8/2022) kepungkur, ngadani adicara Merti Bangsa. Atusan wong padha melu nyengkuyung adicara iki, kaya ta saka anggota Kodim, Poles Boyolali, lan warga masarakat liyane.

Dandim 0724/Boyolali, Letkol (Arm) Ronald Siwabessy, mratelakake Merti Bangsa dileksanakake ing saperangan panggonan kaya ta Alun-Alun Kidul Boyolali lan Taman Makam Palawan Ratna Negara Boyolali.

"Adicara Merti Bangsa iki awujud kegiyatan resik-resik patung Soekarno, patung Jenderal Sudirman, patung Jenderal Ahmad Yani, lan resik-resik Taman Makam Palawan," ujare Dandim ing Alun-Alun Kidul Boyolali.

Miturut Dandim, adicara Merti Bangsa digagas awit rasa prihatine marang kahanan ing jaman globalisasi iki. Akeh kawula mudha kang wus padha nglalekake yasane para pahlawan. Kagiyatan iku uga dileksanakake kanggo mengeti Hari Ulang Tahun (HUT) kaping 77 Kamardikan RI kanthi irah-irahan Pulih Lebih Cepat, Bangkit Lebih Kuat.

….

7. Ana ing ngendi acara Merti Bangsa iku dileksanakake?

Wangsulan:

Merti Bangsa dileksanakake ing saperangan panggonan, kaya ta Alun-Alun Kidul Boyolali lan T aman Makam Pahlawan Ratna Negara Boyolali. 


8. Kepiye mula bukane acara Merti Bangsa digagas?

Wangsulan:

Merti Bangsa digagas awit rasa prihatin Dandim marang kahanan ing jaman globalisasi iki. Akeh kawula mudha kang wis padha nglalekake yasane para pahlawan. Kagiyatan iku uga dileksanakake kanggo mengeti Hari Ulang Tahun (HUT) kaping 77 Kamardikan RI kanthi irah-irahan Pulih Lebih Cepat, Bangkit Lebih Kuat. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Solopos.com, BOYOLALI - Kodim 0274/Boyolali, Selasa (9/8/2022) kepungkur, ngadani adicara Merti"