Saka crita ing kasebut, goleka tegese tembung-tembung kang angel ing ngisor iki! a. Gugur b. Merjaya

Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanthi tliti!

Adipati Karna Madeg Senapati

Perang gedhe antarane Pendhawa mungsuh Kurawa kondhang kanthi aran Perang Baratayuda. Perang sing kedadean ing Tegal Kurusetra iku dadi jalaran ana rajapati lan kurban sing akeh. Para satriya akeh sing padha nemahi pralaya. Senapati Kurawa sing asmane Pandhita Durna gugur ing madyane Tegal Kurusetra kaperjaya dening Drestajumena. Sadurunge gugur, Pandhita Durna wis merjaya Raden Abimanyu, senapatine Pandhawa

Karna, adipati ing Ngawangga madeg senapati Kurawa maju ing palagan, Sejatine Adipati Karna wis mangreteni, mbelani Kurawa kuwi tumindak sing ora bener. Nanging Adipati Karna wis kepotangan budi karo Duryudana, raja Astina sing ambeg angkara murka. Mula, dheweke gelem sebaya mukti sebaya pati mbelani negara Astina

Adipati Karna kuwi putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi. Mula, Adipati Karna kalebu drajate Wasu, yaiku manungsa setengeh dewa. Mula, Adipati Karna ora mokal yen kasinungah kedigdayan sing linuwih.

Raden Arjuna maju ing madyane Tegal Kurusetra ngadhepi Adipati Karna. Arjuna lan Karna padha adu kedigdayan. Perang prasasat ora ana sing bakal menang amarga loro-lorone padha sekti mandraguna. Satriya loro padha titis anggone olah jemparing lan padha duwe pusaka piandel. Adipati Karna duwe pusaka Kuntawijayandanu, dene Arjuna pusakane Pasopati.

Wusanane Raden Arjuna menthang langkap Pasopati. Panah mlesat ngenani janggane Adipati Karna sing sanalika gugur ana ing madyane Tegal Kurusetra.

Saka crita ing kasebut, goleka tegese tembung-tembung kang angel ing ngisor iki!

a. Gugur

b. Merjaya

c. Pralaya

d. Kapotangan

e. Ambea

f. Sebaya mukti sebaya pati

g. Mokal

h. Janggane

i. Madyane

j. Kesinungan

Wangsulan:

a. Gugur = Tiwas ing paprangan 

b. Merjaya = Mateni 

c. Pralaya = Mati utawa pejah

d. Kapotangan = Duwe utang

e. Ambeg = Watak, duwe watak, duwe bubuden 

f. Sebaya mukti sebaya pati = Rukun nganti tekan pati

g. Mokal = Mustahil

h. Janggane = Gulune

i. Madyane = Tengah-tengahe

j. Kesinungan = Diwenehi 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Saka crita ing kasebut, goleka tegese tembung-tembung kang angel ing ngisor iki! a. Gugur b. Merjaya"