Regi lombok ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, ngantos samangke taksih awis. Regi lombok

Pawarta kanggo pitakonan nomer 4-6.

Regi lombok ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, ngantos samangke taksih awis. Regi lombok rawit abrit dereng mandhap, kepara lon-lonan mindhak malih. Miturut para bakul lombok ing Peken Klaten Kota, regi lombok samangke mindhak mbaka sekedhik. Sabotenipun saben dinten reginipun mindhak pitung ewu rupiyah lan samangke reginipun dados Rp105.000,00 saben kilo. Kawontenan kasebat, njalari panyadening lombok kirang laris awit para konsumen nyuda anggenipun tumbas lombok.

Sinaosa regi lombok rawit abrit samangke mindhak malih nanging regi lombok abrit ageng taksih popog, Rp40.000,00 saben kilo. Makaten ugi regi lombok rawit ijem, ngantos samangke reginipun popog Rp55.000,00 saben kilo. Para bakul boten saged ndugi regi lombok badhe mindhak utawi mandhap. (Haryadi)

4. Gathukna unsur pawarta lan katrangan adhedhasar pawarta kasebut kang trep!

Unsur Pawarta

A. What (apa)

B. Where (ing ngendi)

C. Why (kena apa)

Katrangan

1. Tlatah Klaten

2. Rega lombok isih larang

3. Rega lombok ing tlatah Klaten

Wangsulan:


Jawaban: A-3, B-1, dan C-2


5. Rega lombok paling murah iku lombok kang jinise ….

Wangsulan:

Abang gedhe 


6. Apa bab sing dumadi amarga mundhake rega lombok?

Wangsulan:

Regane lombok kang mundhak terus nyebabake dodolane kurang laris amarga para konsumene nyuda anggone tuku lombok. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Regi lombok ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, ngantos samangke taksih awis. Regi lombok"