Lintang Wengi Dening: Wiwiek Panca Widyaningsin Ludira kadya kandheg, kapireng

Geguritan kanggo pitakonan nomer 4-8.

Lintang Wengi

Dening: Wiwiek Panca Widyaningsin

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa

Agawe pangungun sadawane gili

Wasana . . .

Den samu

Geneya . . . ?

Panjeriting lintang wengi

Dicelathu sajroning kalbu

Smara jati kang kasiput mendhung

. . . miris . . . jebul datan anyandhak


4. Wos surasane geguritan kasebut yaiku ….

   A. lintang kang njerit

   B. swasana kang peteng

   C. lintang kang abyor

   D. langit kang kebak mendhung

   E. ora katon srengenge

Wangsulan:

Wos surasane geguritan kasebut yaiku swasana kang peteng

Jawaban: B


5. Tegese tembung "ludira" ing geguritan kasebut yaiku ….

   A. kringet

   B. getih

   C. sirah

   D. angin

   E. geni

Wangsulan:

Tegese tembung "ludira" ing geguritan kasebut yaiku getih.

Jawaban: B


6. Rasa pangrasa kang diandharake ing pada kapisan geguritan kasebut yaiku ….

   A. rasa seneng

   B. rasa kangen

   C. rasa kaget

   D. rasa miris

   E. rasa tresna

Wangsulan:

Rasa pangrasa kang diandharake ing pada kapisan geguritan kasebut yaiku rasa kaget.

Jawaban: C


7. Rasa pangrasa ing pada kapindho geguritan kasabut yaiku ….

   A. rasa seneng

   B. rasa kangen

   C. rasa kaget

   D. rasa miris

   E. rasa tresna

Wangsulan:

Rasa pangrasa ing pada kapindho geguritan kasabut yaiku rasa miris

Jawaban: D


8. Temane geguritan kasebut yaiku ….

   A. kulawarga

   B. lingkungan

   C. pitutur kang becik

   D. kabudavan

   E. panguripan

Wangsulan:

Temane geguritan kasebut yaiku panguripan.

Jawaban: E

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Lintang Wengi Dening: Wiwiek Panca Widyaningsin Ludira kadya kandheg, kapireng"