Kuthaku Dening: G.M. Sigit Nurcahyanto A. Apa kabarmu kutha istimewa

Geguritan kanggo pitakonan nomer 2-5.

Kuthaku

Dening: G.M. Sigit Nurcahyanto A.

Apa kabarmu kutha istimewa

Kutha kebak sujarah lan budaya

Tugumu nggejejer gagah

Malioboromu melut sasopoa

Merapimu angker mrebawani

Umurmu tansah lumaku

Apa kang bisa mboktawake kanggoku?

Aja disingget ati segaramu

Aja disingget sopan santunmu

Aja disingget lembah manahmu

Aja ….

Asring dakrungu saiki

Swara-swara cecongkrahan

Padudon

Drengki srei

Adigang adigung adiguna

Heee . . . pra mudhaku

Takona marang leluhurmu

Endi, kuthaku biyen

Kang nduweni ati tentrem

Biyen, saiki, salawase

2. Kutha apa sing dicritakake ing geguritan?

Wangsulan:

Kutha Yogyakarta 


3. Apa isine geguritan kasebut?

Wangsulan:

Geguritan kasebut isine nyritakake menawa Kutha Yogyakarta wis beda karo sing biyen ayem tentrem, saiki akeh padudon sing marai congkrah. 


4. Apa tegese larik "Adigang adigung adiguna" ing geguritan?

Wangsulan:

Tegese yaiku wong sing ngendelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinterane. 


5. Temtokna geguritan kasebut kalebu geguritan gagrag anyar utawa gagrag lawas!

Wangsulan:

Gagrag anyar amarga ora nggatekake paugeran. 

Jawaban: D

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Kuthaku Dening: G.M. Sigit Nurcahyanto A. Apa kabarmu kutha istimewa"