Kepiye urutane gawe parafrasa geguritan

Kepiye urutane gawe parafrasa geguritan?

Wangsulan:

Urutane gawe parafrasa geguritan yaiku:

a. Wacanen kanthi setiti geguritan sing arep digawa parafrasa.

b. Golekana tegese tembung sing durung dimangreteni karepe lan tembung pralambang sing duwe teges tartamtu.

c. Tulisen tembung-tembung sing dianggep kurang lan kudune ana ing geguritan. Tulisen ing sela-selane ukara, kanthi mangkono tegese ukara bisa luwih gamblang.

d. Tulisen sakabehing isi geguritan sing wis ditegesi mau. Tulisen nganggo ukara-ukara sing kogawe dhewe nanging ora kena owah saka asline. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Kepiye urutane gawe parafrasa geguritan"