Karna Gugur Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing Perang Baratayuda sawise Durna gugur

Crita wayang ing ngisor iki kanggo pitakonan nomer 11-13.

Karna Gugur

Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing Perang Baratayuda sawise Durna gugur. Adipati Karna ngadeg ing kreta kang dikusiri dening Prabu Salya. Ing pasukane Pandhawa, Arjuna madeg dadi senapati kanthi kusire Prabu Kresna. Ing pabaratan, Adipati Karna perang tandhing lawan Arjuna. Kelorone padha-padha ngetokake kasektene lan ngetokake kabeh gaman sing diduweni.

Perang tandhing kang rame nganti tekan wayah sore. Rodha kretane Surya Putra keblesek. Adipati Karna banjur mudhun saka kreta lan njunjung rodhane. Emane upayane siya-siya, malah rodhane tambah jero. Sri Kresna kang dadi kusire Arjuna banjur kongkon supaya Arjuna manah Karna sing lagi njunjung rodha kreta. Karna sing meruhi Arjuna arep ngetokake panahe, rumangsa was-was. Mula banjur arep ngrapal mantra, namung ora ana sijia sing kemutan.

Kanthi rasa mangu-mangu, pungkasane Arjuna manut karo prentahe Kresna lan nglepasake panah. Karna sing isi durung bisa ngetokake kasektene, kena panahe Arjuna. Sirahe Karna ngglundhung ing palagan. Karna mati ing paprangan mbelani Kurawa. Karna tetep mbelani Kurawa senajan ngreti tumindake Kurawa ora bener, amarga Karna kepengin males sihe Duryudana sing wis ndadekake dheweke adinati ing negara Awangga.


11. Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing Perang Baratayuda sawise Senapati sadurunge gugur, yaiku ….

   A. Kresna

   B. Bisma

   C. Duryudana

   D. Durna

   E. Dursasana

Wangsulan:

Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing Perang Baratayuda sawise Senapati sadurunge gugur, yaiku Durna.

Jawaban: D


12. Adipati Karna gugur ing paprangan Baratayuda dening sawijining paraga Pandhawa, yaiku ….

   A. Werkudara

   B. Nakula

   C. Sadewa

   D. Puntadewa

   E. Arjuna

Wangsulan:

Adipati Karna gugur ing paprangan Baratayuda dening sawijining paraga Pandhawa, yaiku Arjuna

Jawaban: E


13. "Kanthi rasa mangu-mangu, pungkasane
Arjuna manut karo prentahe Kresna lan nglepasake panah."
Apa tegese tembung "mangu-mangu" iku?

Wangsulan:

tegese tembung "mangu-mangu" yaiku gojag-gajeg, rada bingung pikire.

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Karna Gugur Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing Perang Baratayuda sawise Durna gugur"