Karna Basusena Pandhawa Lima putrane Prabu Pandhu Dewanata sejatine duwe sedulur tuwa

Wacan kanggo pitakonan nomer 1-3.

Karna Basusena

Pandhawa Lima putrane Prabu Pandhu Dewanata sejatine duwe sedulur tuwa, yaiku Adipati Karna Basusena. Prabu Karna putrane Dewi Kunthi karo Bathara Surya, dewane srengenge. Mula banjur kasebut Surya Putra.

Larah-larahe Dewi Kunthi kagungan putra Adipati Karna kuwi mangkene. Dewi Kunthi meguru marang Begawan Druwasa saka Padhepokan Selakapendhem. Dewi Kunthi kaparingan aji Adhityahredaya, yaiku aji pangasihan. Sawijining dina Dewi Kunthi matak aji Adhityahredaya lan karawuhan Bathara Surya. Ora suwe, Dewi Kunthi nggarbini.

Gandheng Dewi Kunthi kuwi putrane Ratu Mandura tur durung kagungan garwa, mula laire jabang bayi dicipta metu saka kuping. Mula banjur diparingi jeneng Karna kang tegese kuping. Karna banjur dilarung ana kali.

Ilining bengawan sing nggawa Karna tekan laladan Ngawangga. Ing kono Karna ditemu lan dipek anak dening kusir kreta asma Adirata. Bareng wis diwasa Karna dadi Ratu Ngawangga lan dadi sekutune Prabu Duryudana

Ing Perang Baratayuda Prabu Karna perang tandhing karo Raden Janaka. Perange satriya loro kuwi misuwur ing lakon Karna Tandhing.


1. Adipati Karna lair amarga Dewi Kunthi mraktekake aji Adhityahredaya kang diparingi Begawan Druwasa. Begawan Druwasa iku pandhita saka Padhepokan ….

   A. Karang Gedhempel

   B. Sela Mangumpeng

   C. Selakapendhem

   D. Yasa raka

   E. Sokalima

Wangsulan:

Begawan Druwasa iku pandhita saka Padhepokan Selakapendhem

Jawaban: C


2. Katrangan kang bener adhedhasar wacan ing dhuwur yaiku …. (Wangsulan luwih saka siji)

   A. Prabu Karna putrane Dewi Kunthi karo Bathara Bayu, dewane srengenge

   B. Laire jabang bayi Karna dicipta metu saka kupinge Dewi Kunthi.

   C. Ing Perang Baratayuda ora ana kang bisa ngalahake Adipati Karna.

   D. Karna ditemokake ing bengawan kang mili nganti Ngawangga.

   E. Sawise ngreti ibune Dewi Kunthi, Adipati Karna mbela Pandhawa

Wangsulan:

Katrangan kang bener adhedhasar wacan ing dhuwur yaiku B lan D

   B. Laire jabang bayi Karna dicipta metu saka kupinge Dewi Kunthi.

   D. Karna ditemokake ing bengawan kang mili nganti Ngawangga.

Jawaban: B lan D


3. Kanggo apa aji Adhityahredaya kang diwenehake Dewi Kunthi?

Wangsulan:

Pangasihan 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Karna Basusena Pandhawa Lima putrane Prabu Pandhu Dewanata sejatine duwe sedulur tuwa"