Jinis-jinise pawarta yaiku kaya ing ngisor iki. 1. Pawarta Dadakan Pawarta dadakan yaiku

Wacan kanggo pitakonan nomer 18-20.

Jinis-jinise pawarta yaiku kaya ing ngisor iki.

1. Pawarta Dadakan

Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadean ora kena dipesthikake. Tuladhane kaya ta pawarta ngenani kacilakan, banjir, lan kobongan.

2. Pawarta Padinan

Pawarta padinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeane wis dimangreteni sadurunge. Tuladha: pambukaan sekolah anyar lan kunjungan presiden ing sawijining dhaerah.

3. Pawarta Crita

Pawarta crita yaiku pawarta kang ora diwatesi dening wektu lan. panggonan, nggambarake obyek kang nengsemake (human interest). Pawarta iki diwedharake mung kanggo panglipuran utawa selingan. Tuladha: pawarta ngenani obyek wisata sarta crita bab kesenengan/hobi.


18. Pawarta kang wektu lan panggonan ke dadeane wis dimangreteni sadurunge diarani pewarta ….

Wangsulan:

Padinan


19. Gathukna jinise pawarta lan tuladhane kang trep!

Jinise Pawarta

A. Pawarta dadakan

B. Pawarta padinan

C. Pawarta crita

Tuladhane

1. Pawarta ngenani kunjungan gubernur.

2. Pawarta babagan papan panggonan.

3. Pawarta ngenani kedadean banjir.

Wangsulan:

Jawaban: A-3, B-1, dan C-2


20. Apa wae kang digambarake ing pawarta crita?

Wangsulan:

Pawarta crita yaiku nggambarake obyek nengsemake (human interest). 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Jinis-jinise pawarta yaiku kaya ing ngisor iki. 1. Pawarta Dadakan Pawarta dadakan yaiku"