Indonesiaku Dening. Septika Ratna S. Jamrud khatulistiwa julukanku

Geguritan kanggo pitakonan nomer 11-15.

Indonesiaku

Dening. Septika Ratna S.

Jamrud khatulistiwa julukanku

Rowa ... samudra raya tanpa winates

Wiwit Sabang tumekan Merauke

Tharik-tharik pulo-pulone … endah ing netra

Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati

Sugih mblegedhu tumekan saiki

Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip

Iku mung ana ing impen

Impen kang sarwa endah tan bisa dadi kasunyatan

Saiki sing ana mung lebu lan lendhut

Cinepeng anane pepenginan mulyakake awakira

Ora preduli mring rakyat kesrakat

Ora preduli mring tatanan kautaman

Ora preduli mring uripe liyan

Sing ana mung urip mulya

Mulya sadhuwure lara-lapane papa sudra

Najan mangkono iki negeriku

Negeri kelairanku

Negeri nganti tumeka patiku

Negeri nenek moyangku

Negeri kang dakdama-dama

Ing manah lan saben lakuku

Indonesiaku . . .


11. Trah-irahane geguritan ing dhuwur yaiku ….

Wangsulan:

Indonesiaku 


12. Sing nganggit geguritan ing dhuwur yaiku ….

   A. Panjebar Semangat

   B. anonim

   C. Septika Ratna S

   D. gurune Septika Ratna S.

   E. muride Septika Ratna S.

Wangsulan:

Sing nganggit geguritan ing dhuwur yaiku Septika Ratna S

Jawaban: C


13. Gathukne unsur geguritan lan katrangan kang trep!

Unsur Geguritan

A. Tema geguritan

B. Tataran basa

C. Struktur geguritan

Katrangan

1. Nganggo basa ngoko

2. Kahanan negeri Indonesia

3. Ora kaiket paugeran

Wangsulan:

A. Tema geguritan = 2. Kahanan negeri Indonesia

B. Tataran basa = 1. Nganggo basa ngoko

C. Struktur geguritan = 3. Ora kaiket paugeran

Jawaban: A-2, B-1, lan C-3


14. Apa pitutur luhur kang kinandhut ing geguritan?

Wangsulan:

Pitutur luhur kang kinandhut ing geguritan yaiku awake dhewe kudu bisa njaga negeri kang guyup rukun ing bebrayan lan tetulung marang liyan. 


15. Miturut panggurit, kepiye bumi Indonesia iku? Critakna nganggo basamu dhewe!

Wangsulan:

Miturut panggurit, Indonesia iku negara kang sugih lan endah, namung kahanan wis ora kaya ndhisik kang guyup rukun, makmur loh jinawi. Miturut panggurit, kahanan kaya mangkono namung bisa dadi impen. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Indonesiaku Dening. Septika Ratna S. Jamrud khatulistiwa julukanku"