Golekana tegese tembung-tembung kang angel saka geguritan ing ngisor iki! a. Tembe b. Thukuk c. Etare

Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Bocah Cilik Kae

Dening: Turiyo Ragil Putra

Bocah cilik sing nyapu latar kae

Sapa ngreti mbesuk tembe thukuk etare

Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega

Andum lelana sinambi methaki lintang kartika

Bocah cilik kae isih bening jiwane

Isih suci lemah atine

Aja ditanduri jenu utawa senthe

Aja dibumboni basa utawa krawe

Bocah cilik kae

Tokna menyang ngendi abur jiwani


Golekana tegese tembung-tembung kang angel saka geguritan ing ngisor iki!

a. Tembe

b. Thukuk

c. Etare

d. Nganglang

e. Mega-mega

f. Andum

g. Lelana

h. Methaki

i. Kartika

j. Jenu

k. Senthe

l. Abur

Wangsulan:

a. Tembe = Mengko, mbesuk

b. Thukuk = Tuwuh

c. Etare = Akal, nalar, pikiran

d. Nganglang = Ngubengi

e. Mega-mega = Mendhung

f. Andum = Mbagek-bagekake

g. Lelana = Lelunga

h. Methaki = Ngitung

i. Kartika = Lintang

j. Jenu = Sawijining tanduran kang nduweni racun.

k. Senthe = Sawijining tanduran tales-talesan kang uga nduweni racun.

l. Abur = Miber

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Golekana tegese tembung-tembung kang angel saka geguritan ing ngisor iki! a. Tembe b. Thukuk c. Etare"