Golekana idhe pokok utawa pokok isi saben paragraf wacan kasebut Patemone Bima karo Raden Yamawidura

Wacanen crita wavang ing ngisor iki!

Patemone Bima karo Raden Yamawidura lan Patih Gandamana

Ora suwe sawise Gajah Sena kasil mbedhah si Bungkus, Raden Yamawidura lan Patih Gandamana teka ing Alas Mandalasara. Raden Bima langsung nubruk lan siyap-siyap andon yuda amarga ngira menawa wong loro kuwi kekancan karo Gajah Sena. Patih Gandamana maju, banjur ngadhepi Raden Bima. Kalorone padha kuwate, ora ana sing kalah. Ing njero ati, Patih Gandamana krasa gumun kena apa ana bocah enom kang gagah prakosa lan bisa nduweni kakuwatan padha karo dheweke.

Ora dinyana-nyana saka Suralaya tumurun Bathara Narada lan Bathara Bayu kang misah wong sakloron kang lagi adu kakuwatan kuwi. Raden Bima kang wis tepang karo Bathara Bayu age-age nglereni anggone andon yuda, kasusul dening Patih Gandamana. Bathara Narada banjur nepangake sejatine Raden Bima iku ora liya putra kalorone Prabu Pandhu kang wus kasil metu saka bungkuse. Raden Yamawidura lan Patin Gandamana mongkog atine krungu kabar apik kuwi. Banjur wong sakloron gilir-gumanti ngrangkul anggane Bima sing ora liya ponakane dhewe.

….

Golekana idhe pokok utawa pokok isi saben paragraf wacan kasebut!

Wangsalan:

Paragraf 1 : Raden Yamawidura lan Patih Gandamana teka ing Alas Mandalasara sawise Gajah Sena kasil mbedhah si Bungkus. 

Paragraf 2 : Bathara Narada lan Bathara Bayu tumurun saka Suralaya, banjur misah Patih Gandamana lan Bima kang lagi andon kakuwatan. 

Paragraf 3 : Bathara Narada menehi piweling marang Raden Bima menawa pengin ketemu wong tuwane, dheweke kudu ndherekake Raden Yamawidura lan Patih Gandalamana.

Paragraf 4 : Bathara Bayu menehi piweling marang Raden Bima menawa dheweke saiki nduweni pusaka kang ampuh aran Kuku Pancanaka.

Paragraf 5 : Bathara Bayu menehi tetenger marang Raden Bima kanthi asma Raden Bimasena.

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Golekana idhe pokok utawa pokok isi saben paragraf wacan kasebut Patemone Bima karo Raden Yamawidura"