Gawea ringkesan crita wayang Adipati Karna Madeg Senapati nganggo basamu dhewe

Gawea ringkesan crita wayang Adipati Karna Madeg Senapati nganggo basamu dhewe!
 Tulisen ing papan ngisor iki!

Wangsulan:

Perang gedhe antarane Pandhawa  mungsuh Kurawa diarani Perang Baratayuda sing kedadean ing Tegal Kurusetra. Senapati Kurawa sing asmane Pandhita Durna, gugur kaperjaya dening Drestajumena. 

Karna, adipati ing Awangga madeg senapati Kurawa. Adipati Karna wis mangreteni, mbelani Kurawa kuwi tumindak sing ora bener, nanging wis kapotangan budi karo Duryudana. Adipati Karna kuwi putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi. Adipati Karna kalebu manungsa setengah dewa. Mula, Adipati Karna ora mokal kasinungan kadigdayan sing linuwih. 

Raden Arjuna maju ing madyane Tegal Kurusetra. Adipati Karna duwe pusaka Kuntawijayadanu, dene Arjuna pusakane Pasopati. Raden Arjuna menthang panah Pasopati sing ngenani janggane Adipati Karna sing sanalika gugur. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Gawea ringkesan crita wayang Adipati Karna Madeg Senapati nganggo basamu dhewe"