Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi Jawa sing isih anyar (udakara taun 1926)

Infografik kanggo pitakonan nomer 1-3.

Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi Jawa sing isih anyar (udakara taun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ing masarakat rikala semana. Mligine golongan kasepuhan. Mula saka kuwi, geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.

Geguritan kapisan diandharake, ing kalawarti lan ariwarti kejawen (taun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (diandharake pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta)


1. Katrangan kang bener ngenani geguritan adhedhasar infografik kasebut yaiku …. (Wangsulan luwih saka siji)

   A. Geguritan kuwi wis ana wiwit jaman kuna

   B. Geguritan ora bisa langsung katrima marang tiyang-tiyang kuna.

   C. Geguritan kapisan dilebokake ing ariwarti Panjebar Semangat.

   D. Geguritan metu anyar udakara taun 1926.

   E. Geguritan metu dhisik tinimbang macapat.

Wangsulan:

Katrangan kang bener ngenani geguritan adhedhasar infografik kasebut yaiku:

   B. Geguritan ora bisa langsung katrima marang tiyang-tiyang kuna.

   D. Geguritan metu anyar udakara taun 1926.

Jawaban: B lan D


2. Kena apa geguritan ora dilebokake ana sajroning pasinaon sastra Jawa wiwit kapisanan metu?

Wangsulan:

Geguritan ora dilebokake ana sajroning pasinaon sastra Jawa saka kapisanan metu amarga durung bisa katampa bebrayan ing masyarakat. 


3. Wangsulan Gathukna kalawarti kang ngenalake geguritan lan taun kang trep!

Kalawarti kang Ngenalake Geguritan

A. Jaya Baya

B. Panji Pustaka

C. Panjebar Semangat

Taun

1. 1923

2. 1933

3. 1945

Wangsulan:

A. Jaya Baya = 3. 1945

B. Panji Pustaka = 1. 1923

C. Panjebar Semangat = 2. 1933

Jawaban: A-3, B-1, lan C-2

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi Jawa sing isih anyar (udakara taun 1926)"