Crita Wayang Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan drama sing khas. Seni swara

Infografik kanggo pitakonan nomer 9 lan 10.

Crita Wayang

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan drama sing khas. Seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane kamot ana ing kesenian iki. Ana panganggep yen pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad 19 nganti saiki, wayang wis dikaji lan ditliti para ahli. Minangka kesenian rakyat utawa kraton, wayang akeh banget jinise. Ana wayang golek sing kagawe saka kayu. ana wayang kulit sing kagawe saka kulit sapi utawa lembu, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute. Crita wayang sumbere saka epos Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, utawa syair-syair kepahlawanan. utawa kreasi anyar sing nyritakake bab prastawa anyar.

….

9. Wayang sing digawe saka kayu iku diarani wayang …. (Wangsulan luwih saka siji)

   A. kulit

   B. golek

   C. klithik

   D. beber

   E. wong

Wangsulan:

Wayang sing digawe saka kayu iku diarani wayang golek lan klithik.

Jawaban: B lan C


10. Nilai sajroning crita wayang sing ana gandheng cenenge karo brayan manungsa ing alam donya diarani nilai ….

   A. budaya

   B. sosial

   C. moral

   D. pendhidhikan

   E. relegius

Wangsulan:

Nilai sajroning crita wayang sing ana gandheng cenenge karo brayan manungsa ing alam donya diarani nilai sosial.

Jawaban: B

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Crita Wayang Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan drama sing khas. Seni swara"