Coba gatekna pawarta ing ngisor iki! Wayang Orang Sriwedari Pentas Banjaran Kresna ing Sasi Pasa

Coba gatekna pawarta ing ngisor iki!

Wayang Orang Sriwedari Pentas Banjaran Kresna ing Sasi Pasa

Solopos.com, SOLO - Sanajan sasi pasa, pepanthan Wayang Orang Sriwedari (WOS) Solo ora prei anggone gladhen utawa mbabar pentas. Mung wae, wektu munggah panggunge rada diundur sathithik.

Maune jam 19.30 WIB dadi jam 20.15 WIB amarga nyelarasake karo kagiyatane warga masarakat sasuwene pasa iki, Pangajabe para pandhemen seni tradhisional tetep bisa golek panglipur utawa tontonan sabubare ngibadah salat Tarweh.

Salah sijine seniman kang kerep kajibah dadi koordinator pentas wayang wong lan kethoprak ing pepanthan WOS, Diwasa Diranagara, ngandharake sasuwene sasi pasa pepanthan WOS bakal mbabar pentas wayang wong ping 14 ing Gedhung Wayang Orang Sriwedari Solo

Sanajan pamirsane mung bisa mlebu liwat regol mburi, Diwasa wus seneng amarga pentas wayang wong kang dibabar pisanan ing sasi pasa iku ditonton kurang luwih 80% wang saka kursi sing cemepak sajroning gedhung.

….

Golekana unsur 5W + 1H ing pawarta kasebut!

Wangsulan:

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Coba gatekna pawarta ing ngisor iki! Wayang Orang Sriwedari Pentas Banjaran Kresna ing Sasi Pasa"