Bobot pambijine pawarta dadi dhasare kanggo nulis pawarta. Banjur kepiye wiwitane nulis pawarta

Wacan kanggo pitakonan nomer 21-23.

Bobot pambijine pawarta dadi dhasare kanggo nulis pawarta. Banjur kepiye wiwitane nulis pawarta? Gatekna urutane mulis pawarta ing ngisor iki!

  1. Tanggap ing Sasmita, tegese gelem mangreteni apa kang lagi kelakon ana ing cedhakmu. Ana kedadean apa kang lagi lumaku lan narik kawigaten bisa dad idhe ana pawarta kang are katulis. Prastawa kang arang tinemu utamane bisa dadi sumbering pawarta kang narik kawigaten
  2. Nglumpukake Data Migunakake 5W + 1H. 
Prastawa kang nembe ditemoni banjur tulisen kanthi migunakake 5W + 1H. Kowe uga bisa nglumpukake data kanthi nindakake wawancara marang narasumber ngenani prastawa kang lumaku
  3. Nyusun Data dadi Pawarta. Data kang wis diklumpukake banjur disusun dadi pawarta kang jangkep. Dene urutane bisa diwiwiti saka unsur apa wae kang dirasa bisa kanggo pambukane pawarta, banjur nyritakake unsur 5W + 1H nganti purna.
  4. Menehi Irah-Irahan. Sawise dad pawarta, banjur nemtokake irah-irahan. Irah-irahane kuwi kudu bisa narik kawigaten, dadi underane pawarta, lan migunakake tembung kang gampang dimangreteni.

21. Sebutna urut-urutane gawe pawarta!

Wangsulan:

Urut-urutane gawe pawarta yaiku ing ngisor iki. 

1. Tanggap ing sasmita. 

2. Nglumpukake data migunakake 5W + 1 H. 

3. Nyusun data dadi pawarta. 

4. Menehi irah-irahan. 


22. Data ing pawarta bisa diklumpukake saka wawancara marang ….

Wangsulan:

Narasumber 


23. Kepiye carane nemtokake irah-irahan ing pawarta?

Wangsulan:

Anggone nemtokake irah-irahan nganggo basa kang bisa narik kawigaten, dadi underaning pawarta, lan migunakake tembung kang gampang dimangreteni. 


 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Bobot pambijine pawarta dadi dhasare kanggo nulis pawarta. Banjur kepiye wiwitane nulis pawarta"