Apa wae kang perlu digatekake wektu maca pawarta

Apa wae kang perlu digatekake wektu maca pawarta?

Wangsulan:

a. Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu maca naskah luwih dhisik lan nliti upama ana sing kleru. 

b. Pelafalan (dhiksi) uga penting. Konsonan utawa vokal cetha supaya ora dadi samar karepe. Amarga ana tembung-tembung sing meh padha pangucapane. 

c. Unjal napas (jeda) kudu pener. Dawa cendheke jeda kudu digatekake. Biyasane pamaca pawarta migunakake: 

  1. Tandha (/) : madheg sedhela. 
  2. Tandha (//) : mandheg suwe. 
  3.  Tandha (_) : pungkasan baris sing ora kena mandheg. 

d. Ing wirama (dhuwur cendhake swara) kudu diselang-seling supaya gampang mbedak-ake antarane bagean sing penting lan ora.

e. Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget angel ditampa pamiarsa. Suwalike, yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.

f. Banter swara kudu cukup saengga gampang ditampa.

g. Menawa pamaca pawarta dipajang (disyuting), sikap pamaca pawarta kudu wajar, aja kaku lan sakarepe dhewe, pendeleng/ netra aja ngawasi naskah terus. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Apa wae kang perlu digatekake wektu maca pawarta"