Apa isine geguritan kasebut Sasuwir Dongane Ibu

Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Sasuwir Dongane Ibu

Satekem lintang kang dakpethik saka jembare langit

Sarta sasuwir dongane

Muga isih bisa gawe sangu cecoloking laku

Rikala sadawaning dalan pangrantu

Mung dikebaki esem wayu

Duweke prawan ayu

Sing omahe kidul Gunung Lawu

Sacuwil angin kangen dakrangket saka pategalan

Muga bisa nuwuhake kesabaran

Marang titah kang nate kelangan katresnan

Saengga masia durung tekan wayahe

Ngrasakake endah lan manise

Dheweke ora nyupatani jaman

Kanthi sewu supata

Kang bisa nambak samudra

Nyatane bagya lan kuciwa

Padha karo hawa

Sing tekane tapa aweh pawarta

Lan samangsa gelem lunga

Babar pisan ora nate menehi pirsa

Mulane mumpung wengine isih turu

Becike padha elinga pesene ibu

Supaya tatu ing dhadhamu dadi lebu

Luntur lebur dadi sawijining kenangan

Kang bakal dadi pepaesing jaman


Apa isine geguritan kasebut?

Wangsulan:

Padha elinga dongane ibu kang nuwuhake kesabaran kang ora luntur ing jaman. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Apa isine geguritan kasebut Sasuwir Dongane Ibu"