Aksara Jawa yaiku salah sijine wujud paninggalan kabudayan tulis ing masarakat Jawa kang isih

Wacan kanggo pitakonan nomer 8 lan 9.

Aksara Jawa yaiku salah sijine wujud paninggalan kabudayan tulis ing masarakat Jawa kang isih digunakake nganti saiki. Luwih-luwih saiki aksara Jawa dadi pelajaran muatan lokal ing tlatah Yogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Timur.

Aksara Jawa ora dumadakan dadi langsung, namung ana urut-urutane. Wiwitane aksara iki saka aksara Brahmi ing India, banjur ngrembaka dadi aksara Pallawa banjur sangsaya ngrembaka ing masarakat kanti owah-owahan dadi aksara Kawi utawa aksara Jawa Kuna. Aksara Kawi iki mengko sing dadi mula bukane aksara Jawa kang ngrembaka nganti saiki


8. Kepiye mula bukane aksara Jawa ngrembaka ing masarakat Jawa?

Wangsulan:

Wiwitane aksara Jawa saka aksara Brahmi ing India, banjur ngrembaka dadi aksara Pallawa banjur sangsaya ngrembaka ing masarakat kanti owah-owahan dadi aksara Kawi utawa aksara Jawa Kuna. Aksara Kawi iki mengko sing dadi mula bukane aksara Jawa kang ngrembaka nganti saiki. 


9. Tlatah kang nggunakake aksara Jawa minangka muatan lokal yaiku tlatah …, …, lan ….

Wangsulan:

Yogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Timur. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Aksara Jawa yaiku salah sijine wujud paninggalan kabudayan tulis ing masarakat Jawa kang isih"