Adipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), negara cilik andhahane

Infografik kanggo pitakonan nomer 1-3.

Adipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), negara cilik andhahane negara Astina. Garwane asma Dewi Surtikanthi, putrine Prabu Salya, ratu ing Mandaraka. Dewi Surtikanthi iku mbakyune Dewi Banowati (garwane Prabu Durudana), mula ing pedhalangan Prabu Durudana yen ngaturi Prabu Karna. "Kaka Prabu Karna" utawa "Kaka Adipati Karna"

Adhipati Karna iku sedulure Janaka kang tunggal ibu nanging seje rama. Ramane Adipati Karna iku asma Bathara Surya, dene yen ramane Janaka iku Pandhu Dewanata, ibune Pandhawa Dewi Kunthi.

Patuladhan saka dheweke bisa dipethik nalika Perang Baratayuda Adipati Karna ora mbela prajurit Pandhawa, nanging malah mbiyantu prajurit Astina, jalaran dheweke kepengin mbales budi kabecikan marang ratu ing Astina iya sang Prabu Duryudana. Kaya Gene Kumbakarna, Adipati Karna asring dadi patuladhan ing prakara tresna marang negarane.


1. Katrangan ing ngisor iki kang bener babagan Adipati Karna yaiku …. (Wangsulan luwih saka siji)

   A. Adipati Karna iku adipati saka Ngawangga

   B. Adipati Karna iku garwane Dewi Banowati.

   C. Adipati Karna iku sedulure Pandhawa, namung mbela Kurawa.

   D. Adipati Karna kapotangan budi marang Raden Duryudana.

   E. Adipati Karna iku duwe bapak padha karo Janaka.

Wangsulan:

Katrangan ing ngisor iki kang bener babagan Adipati Karna yaiku:

   A. Adipati Karna iku adipati saka Ngawangga

   C. Adipati Karna iku sedulure Pandhawa, namung mbela Kurawa.

   D. Adipati Karna kapotangan budi marang Raden Duryudana.

Jawaban: A, C, dan D


2. Adipati Karna putrane Dewi Kunthi karo ….

Wangsulan:

Bathara Surya 


3. Kena apa Adipati Karna mbelani Kurawa sanajan dheweke sedulur tuwane Pandhawa?

Wangsulan:

Amarga dheweke kepengin males budi kabecikane marang ratu Ngastina iya kuwi sang Prabu Duryudana. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Adipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), negara cilik andhahane"