Adipati Karna uga diarani Suryaatmaja iku putrane Dewi Kunthi lan Bathara Surya

Wacan kanggo pitakonan nomer 11-15.

Adipati Karna

Adipati Karna uga diarani Suryaatmaja iku putrane Dewi Kunthi lan Bathara Surya. Mulane kuwi, Adipati Karna iku kalebu drajating Wasu, yaiku manungsa setengah dewa. Nalika lair, Adipati Karna dilarung ing kali dening Dewi Kunthi banjur ditemu dening kusir kraton jenenge Adirata, lan diwenehi jeneng Wasusena.

Sanajan mung anak kusir, Adipati Karna wiwit cilik nduweni tekad gedhe kanggo ngangsu kawruh. Adipati Karna nduweni kadigdayan lan kaprigelan manah sing bisa nandhingi Raden Arjuna. Raden Arjuna iku panengahing Pandhawa kang misuwur kaprigelane nganggo gaman panah. Adipati Karna nduweni utang budi karo Prabu Duryudana amarga Prabu Durudana bisa nampa Adipati Karna sing namung anak kusir. Bareng wis diwasa, Karna dadi adipati ing Awangga sawise ngalahake Prabu Karnamadra, raja ing kadipaten kasebut. Adipati Karna kagungan garwa asmane Dewi Surtikanthi lan kagungan putra Raden Warsakusuma. Pusakane kang ampuh yaiku Panah Kuntawijayadanu, uga kagungan kuda minangka titihane kang aran Ciptaplanagati. Adipati Karna gugur ing palagan nalika dadi senapatine Kurawa ing Perang Baratayuda.


11. Adipati Karna iku adipati ing ….

   A. Ngastina

   B. Ngawangga

   C. Madukara

   D. Mandura

   E. Dwarawati

Wangsulan:

Adipati Karna iku adipati ing Ngawangga.

Jawaban: B


12. Ibune Adipati Karna yaiku ….

   A. Dewi Madrim

   B. Dewi Gandari

   C. Dewi Surtikanthi

   D. Dewi Rukmini

   E. Dewi Kunthi

Wangsulan:

Ibune Adipati Karna yaiku Dewi Kunthi.

Jawaban: E


13. Pusakane Adipati Karna kang kawentar ampuh yaiku ….

Wangsulan:

Kuntawijayadanu 


14. Kena apa Adipati Karna rumangsa kapotangan budi marang Raden Duryudana?

Wangsulan:

Adipati Karna nduweni utang budi karo Prabu Duryudana amarga Prabu Duryudana bisa nampa Adipati Karna sing namung anak kusir. 


15. Jaran titihane Adipati Kara jenenge ….

Wangsulan:

Ciptaplanagati 


16. Adipati Karna duwe anak asmane ….

   A. Gathotkaca

   B. Warsakusuma

   C. Antareja

   D. Parikesit

   E. Abimanyu

Wangsulan:

Adipati Karna duwe anak asmane Warsakusuma.



 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Adipati Karna uga diarani Suryaatmaja iku putrane Dewi Kunthi lan Bathara Surya"