Adipati Karna Ratu ing Ngawangga Karna sejatine putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi

Wacan kanggo pitakonan nomer 4-8.

Adipati Karna Ratu ing Ngawangga

Karna sejatine putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi, mula Karna iku kalebu drajating Wasu, yaiku manungsa setengah dewa. Mula ora mokal yen Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah warastra (jemparing) prasasat timbang karo kaprigelane Arjuna. Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakane Karna ana kang wujude keris aran Kyai Kaladete (yen ing padhalangan gagrak Solo sinebut Kyai Jalak). Aji-ajine Karna yaiku aji Kalalupa (bisa ngetokake buta akeh banget), lan Naracabala (bisa ngetokake gegaman maneka warna)

Tembung "Karna" iku dhewe sejatine duwe teges kuping, amarga Karna laire saka kuping. Ing Perang Baratayuda, Karna mbelani Kurawa. Satriya iki ngreti yen sejatine Kurawa kang salah. Nanging dheweke ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyen mbela dheweke. Ing perang iku, Karna bisa mateni Gathotkaca nganggo pusaka Kuntawijayadanu. Dheweke uga wis ameh mateni Arjuna. Nanging panahe luput amarga Prabu Salya nyendhal jarane. Salya nalika iku dadi kusire Karna, kang sejatine mantune dhewe. Dene Arjuna dikusiri dening Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing akir lakon iki, Karna mati kena panahe Arjuna, yaiku panah Pasopati.


4. Ing Perang Baratayuda, Karna bisa ngalahake putrane Werkudara, yaiku ….

   A. Abimayu

   B. Parikesit

   C. Gathotkaca

   D. Wikarna

   E. Kumbakarna

Wangsulan:

Karna bisa ngalahake putrane Werkudara, yaiku Gathotkaca.

Jawaban: C


5. Adipati Karna iku kalebu drajating Wasu, yaiku manungsa ….

Wangsulan:

Setengah dewa


6. Gathukna gamane Adipati Karna lan kadigdayane kang trep!

Gamane Adipati Karna

A. Kuntawijayadanu

B. Aji Kalalupa

C. Aji Naracabala

Kadigdayan

1. Bisa ngetokake buta akeh banget.

2. Bisa ngetokake gegaman maneka warna.

3. Prigel ulah warastra

Wangsulan:

A. Kuntawijayadanu : 3. Prigel ulah warastra

B. Aji Kalalupa : 1. Bisa ngetokake buta akeh banget.

C. Aji Naracabala : 2. Bisa ngetokake gegaman maneka warna.

Jawaban: A-3, B-1, dan C-2


7. Adipati Karna sekti mandraguna namung bisa kalah ing Perang Baratayuda. Kepiye sedane Adipati
Karna?

Wangsulan:

Karna seda kena panahe Arjuna, panah Pasopati. 


8. Apa gegayutane Prabu Salya lan Adipati Karna?

Wangsulan:

Prabu Salya iku marasepuhe Adipati Karna. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Adipati Karna Ratu ing Ngawangga Karna sejatine putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi"