Adipati Karna nata ing Ngawangga (Awangga). Isih sedulur karo Pandhawa nanging beda bapak

Wacan kanggo pitakonan nomer 21-25.

Adipati Karna nata ing Ngawangga (Awangga). Isih sedulur karo Pandhawa nanging beda bapak. Sejatine putrane Dewi Kunthi Lan Bathara Surya kang lair saka talingan. Mula diarani sedulur tunggal ibu beda bapak. Prabu Karna diarani Surya Putra utawa aran Suryatmaja amarga anake Bathara Surya.

Duwe jeneng liya yaiku Basukarna. Basukarna nduweni watak angkuh nanging seneng tetulung. Pasuryane memper kaya Janaka/ Arjuna. Gantheng, bagus, elok rupane

Ing Perang Baratayuda kusire Karna yaiku Prabu Salya. Panahe arane panah Kuntawijayadanu. Mungsuhipun yaiku Arjuna. Kretane Adipati Karna arane yaiku Jatisura. Kretane aiur amarga ketiban wadag Gathotkaca. Ing Perang Baratayuda, Basukarna perang tandhing karo Arjuna, kang nduweni panah arane Pasopati. Dene kusire Janaka yaiku Prabu kresna.


21. Bapake Adipati Karna yaiku ….

Wangsulan:

Bapake Adipati Karna yaiku Bathara Surya


22. Adipati Karna iku putrane Dewi Kunthi kang
lair saka ….

   A. padharan

   B. tutuk

   C. talingan

   D. peninggal

   E. asta

Wangsulan:

Adipati Karna iku putrane Dewi Kunthi kang
lair saka talingan.

Jawaban: C


23. Ngisor iki dasanamane Adipati Karna yaiku
.... (Wangsulan luwih saka siji)

   A. Janaka

   B. Basunandha

   C. Basukarna

   D. Jayadratha

   E. Surya Putra

Wangsulan:

Ngisor iki dasanamane Adipati Karna yaiku Basukarna, Basusena, Suryaputra, Bismantaka, Talidarma,

Jawaban: C lan E


24. Kepiye watake Adipati Karna iku?

Wangsulan:

Adipati Karna nduweni watak angkuh nanging  seneng tetulung.


25. Critakna sapa kusire Adipati Karna, apa jenenge kreta, lan apa pusaka kang diagem Adipati Karna ing Perang Baratayuda!

Wangsulan:

Kretane Adipati Karna jenenge Jatisura kang dikusiri dening Prabu Salya. Adipati Karna maju Perang Baratayuda nganggo pusaka aran Kuntawijayadanu. 

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Adipati Karna nata ing Ngawangga (Awangga). Isih sedulur karo Pandhawa nanging beda bapak"